Sabtu, 24 Maret 2012

Undangan

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Winantu sagunging pakurmatan.
Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan.
Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Agung, kula sak kluarga hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan supitan yoga kula ingkang nami, HAPSARI HANDAYANI mbenjang ing,

Dinten             : Seloso Wage
Suryo Kaping :  15 Mei  2012
Wanci              : tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Mapan ing      : Rajabasa Raya Rt 01 Rw 10 Tanjung Karang,Bandar Lampung

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.

Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.





Komarul Sekeluarga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar